Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Asal-usul Gunung Slamet Basa Jawa Kelas 8

 ASAL-USUL GUNUNG SLAMET






Gunung Slamet kuwe manggon neng perbatesan Kabupaten Tegal, Pemalang, Brebes, Banyumas lan Purbalingga. Gunung Slamet dhuwure 3.428 mdpl. Klebu gunung sing  dhuwure nomer 2 neng Pulo Jawa sewise Gunung Semeru.

Miturut crita sing ngrembaka neng masyarakat, Gunung Slamet dejenengi neng Syeh Maulana Maghribi, piyambake kuwe wong sing nyebarna agama Islam sekang negara Turki. Neng negara Turki Syech Maulana Maghribi kuwi satunggaling pangeran.

Sawijining dina, sawise nglaksanakna ibadah sholat subuh, Syech Maulana Maghribi priksa cahaya misterius sing mumbul dhuwur neng angkasa. Syech Maulana Maghribi krasa kepincut lan kepengin ngerti sumber cahaya misterius kuwe.

Piyambake banjur mutusna kanggo nylidhiki lan sinambi nyebarna agama Islam karo didherekake para pengikute sing setia, aran Haji Datuk sarta atusan pengawal kerajaan. Syech Maulana Maghribi lan pendhereke banjur nitih baita nuju maring cahaya misterius kuwe. Ningen, wektu kapal sing ditumpaki tekan neng pantai Gresik, Jawa Timur, ijig-ijig cahaya misterius katon neng sebelah kulon. Banjur diparani maning tekan neng pantai Pemalang, Jawa Tengah.

Neng pantai Pemalang, Syech Maulana Maghribi  dhawuh maring hulu balange supaya bali maring Turki. Piyambake nglanjutna lampah dikancani Haji Datuk karo mlaku maring arah kidul sinambi nyebarna agama Islam.

Nalika  cahaya kasebut nglewati Banjar, ijig-ijig Syech Maulana Maghribi gerah gatel-gatel neng sekabehe badhane lan penyakit gatel kuwe angel detambani.

Sawijining wengi, sewise sholat tahajud, Syech Maulana Maghribi pikantuk ilham yen piyambake kudu tindak maring Gunung Gora. Segutule tekan lereng Gunung Gora, piyambake nyuwun supaya Haji Datuk ninggalaken lan nunggu neng sawijining panggonan sing ngetokna kukus. Jebul neng kono ana sumber banyu panas sing duwe 7 pancuran. Syeh Maulana Maghribi mutusaken manggon neng kono lan kanggo mertamba kanthi cara adus kanthi teratur neng sumber banyu panas sing duwe 7 tuk utawa mata air.

Merga banyu panas kuwe manjur/mandi, wekasane penyakit sing detandhang Syeh Maulana Maghribi ilang blas. Banjur Syech Maulana Maghribi aweh jeneng panggonan kuwe dadi Pancuran Pitu.

Penduduk sakupenge ngarani Syech Maulana Maghribi kanthi aran Mbah Atas Angin karana teka sekang negeri sing adoh. Banjur Syech Maulana Maghribi aweh gelar maring Haji Datuk kanthi sebutan Rasuludi sing tegese Batur kang Adi ( Batur kang setia).

Sabanjure desa kuwe dekenal karo sebutan Baturadi sing suwe-suwe dadi Baturaden. Amarga Syech Maulana Maghribi bisa mari sekang penyakit gatele lan oleh keslametan neng lereng Gunung Gora mula piyambake ngganti jeneng Gunung Gora dadi Gunung Slamet.


1.Goletana tembung-tembung sing angel sing ana neng wacana kasebut, banjur tegesna nganggo bausastra, lan gawenen neng sajerone ukara!



2. Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye kanthi patitis nganggo basa krama!

1. Apa irah-irahan wacana legendha sing wis kowaca kasebut?
Wangsulan :..................................................................................................................
2. Gunung Slamet kuwe manggon neng endi?
Wangsulan :..................................................................................................................
3. Sebutna paraga neng wacana legendha kasebut?
Wangsulan :..................................................................................................................
4. Sapa sejatine Syech Maulana Maghribi kuwe?
Wangsulan :..................................................................................................................
5. Apa sing njalari Syech Maulana Maghribi ngumbara maring tlatah Jawa?
Wangsulan :..................................................................................................................
6. Nalika Syech Maulana Maghribi nyebarna agama Islam, piyambake nandhang gerah apa?
Wangsulan :..................................................................................................................
7. Kepriwe carane Syech Maulana Maghribi nambani gerahe kasebut?
Wangsulan :..................................................................................................................
8. Apa jeneng papan panggonan sing kanggo mertamba Syech Maulana Maghribi? 
Wangsulan :..................................................................................................................
9. Penduduk sakupenge ngasmani Syech Maulana Maghribi kanthi asma?
Wangsulan : .................................................................................................................
10. Apa alasane Syech Maulana Maghribi nggenti jeneng gunung Gora dadi gunung Slamet?
Wangsulan : .................................................................................................................



Posting Komentar untuk "Asal-usul Gunung Slamet Basa Jawa Kelas 8"