Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Tembang Macapat Gambuh Kelas 8

 A. TEMBANG MACAPAT GAMBUH




Raja Kraton Kasunanan Surakarta  kuwe asmane  Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan (SISKS) Pakubuwana IV. Panjenengane uga minangka pujangga winasis kang nganggit buku sing ditulis nganggo aksara Jawa lan wujude tembang. 

Buku anggitan Pakubuwana IV kang kawentar yakuwe Serat Wulangreh lan Serat Wulangsunu, kang isine pituture panjenengane marang putra putrine supaya bisa dadi manungsa kang utama ing satengahe bebrayan.

Serat Wulangreh asale sekang tembung wulang lan reh. Wulang tegese wulangan utawa pitutur lan reh tegese pranatan utawa tatanan. Dadi Wulangreh bisa ditegesi yakuwe pitutur bab pranatan utawa tatanan, becik kanggo pribadi, kanggo urip bebrayan uga kanggo pranatan urip sing lewih gedhe maning.

 Isi serat Wulangreh kaperang dadi 13 pupuh. Pupuh yakuwe klumpukan tembang kang padha ing sajroning anggitan/karangan. Pupuh tembang kang ana ing Serat Wulangreh yakuwe Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhukwuluh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradhana, Sinom, lan Girisa.

Pupuh III Serat Wulangreh ngemot tembang Gambuh sing cacahe ana 17 pada/bait. Pupuh Gambuh kiye isine piwulang supaya wong padha nyingkirna watek adigang adigung adiguna. Adigang tegese ngendelaken kekuwatan/kuwasa, adigung tegese ngendelaken keluhuran, dene adiguna yakuwe ngendelaken kepinteran. Watek telu kuwe kudu diadohi mergane bisa gawe wong urip keblinger. Lewih becik nduweni lan ngugemi watek sing sabar, tliti lan ngati-ati. Kejaba sekang telung watek becik kuwe kita uga kudu tansah mawas dhiri sekang kabeh tindak tanduk  kita. Ugi kudu bisa  ngerteni solah tingkah wong liya.

Tembang Gambuh kalebu tembang macapat, mulane nduwene pathokan utawa paugeran sing wis gumathok. Paugeran tembang macapat yakuwe guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Guru gatra yakuwe cacahe gatra/larik saben sapada/sabait. Guru wilangan yakuwe cacahing wanda/wilangan (suku kata) saben gatra/larik. Guru lagu yakuwe tibaning swara (dhong dhing) neng saben pungkasan gatra. 

Paugeran tembang Gambuh yakuwe guru gatra ana 5 gatra, guru wilangane gatra 1: 7, gatra 2: 10, gatra 3: 12, gatra 4: 8, gatra 5: 8, dene guru lagune gatra 1: u, gatra 2: u, gatra 3: i, gatra 4: u, gatra 5: o. Lumrahe ditulis 7u, 10 u, 12i, 8u, 8o.

Wateke tembang Gambuh kuwe grapyak, sumanak, wani, wanuh, kulina,  lan rumaket, mulane cocok kanggo aweh pitutur marang wong-wong enom sing wis kulina 

banget. Kejaba kuwe kanggo niteni tembang Gambuh bisa dideleng sekang tembung sing sasmitane yakuwe gambuh, buh, jumbuh lan tambuh.









Cakepan liyane:

Aja nganti kabanjur,
  Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik, 
Becik ngupayaa iku, 
Pitutur ingkang sayektos.
Pitutur bener iku, 
Sayektine apantes tiniru,
Nadyan metu saking wong sudra papeki, 
Lamun becik nggone muruk, 
Iku pantes sira anggo
Ing wong urip puniku
Aja nganggo ambeg kang tetelu
Anganggoa rereh ririh ngati-ati
Den kawangwang barang laku
Kang waskitha solahing wong





Posting Komentar untuk "Tembang Macapat Gambuh Kelas 8"