Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Kesusastraan

 


Gancaran utawa parafrase yakuwe ngowahi lan ngudhari wacana wujud tembang utawa geguritan dadi ukara lumrah supaya bisa luwih gampang dengerteni tegese lan karepe. Tembung kang ana ing tembang sering migunakake tembung Kawi sing wis arang deanggo neng basa padinan lan kadhang kala ana tembung- tembung sing degarba (degandheng) dadi siji. Semana uga ukara ing tembang kadhang kala urutane kewalik (baliswara) kanggo mburu guru lagu supaya pas karo pathokan tembang. Mula ora aneh yen ana wong maca tembang utawa geguritan nanging ora paham teges sing dekarepna.

Carane nggancarna tembang yakuwe:

a.         Tembung Kawi deganti tembung lumrah (dejarwakake).

b.         Ukara kang wewatone baliswara dhapukan tetembungane kudu dewalik.

c.         Yen ana tembung garba kudu debalekna maring tembung asale.

d.         Bisa kanthi ngurangi utawa nambahi tembung kanggo nglarasake ukara.  

Tuladha : 

Gancaran/parafrase tembang Gambuh pada 1 lan2 :

Ø         Sekar Gambuh niku pupuh sing kaping sekawan, sing deandharna nggih niku solah bawa utawi tindak tanduk kang keliwat wates utawi keblabasen, nggih niku pakarti ingkang mboten purun nampi pitutur utawi pitedhah kautaman. Ingkang bakale ndadosaken rekaos utawi cilaka, umpami saya dangu saya keblabasen tumindake, bakal boten saged dekendhaleni, semangsa-mangsa ketanggor kalih prekawis ingkang awrat, bakal manggih kapitunan, lan ndadosaken kebiasaan ingkang awon (ala).

Ø         Ampun ngantos kebanjur solah bawa utawi tindak tanduk ingkang mboten jujur/ mboten sae sebab menawi  debanjuraken saged damel cilaka lan mboten sae, Ingkang sae niku supados kita sedaya ngupaya utawi usaha  mados pitutur lan pitudhuh ingkang sejatos.

B. KASUSASTRAN

 

PARIKAN

Parikan (Pantun) yakuwe unen-unen utawa rumpakan sing dumadi sekang rong gatra utawa patang gatra lan ngutamakna purwakanthi (runtuting swara). Pola cacahing wandane saben gatra bisa 4-4, 4-8, utawa 8-8.

Parikan dumadi seka

ng rong perangane yakuwe:

1. Ukara purwaka/sampiran,

2. Ukara wos/isi.

 

Wujude Parikan:

1.    Parikan rong (2) gatra 

..................................................( gatra 1 ) purwaka/sampiran

..................................................( gatra 2 ) wos/isi

2.    Parikan patang (4) gatra

..................................................( gatra 1) purwaka/sampiran

..................................................( gatra 2) 

..................................................( gatra 3) wos/isi

..................................................( gatra 4) 

 

Carane gawe/ngarang parikan:

1. Sing digawe/dikarang lewih dhisit yakuwe wose/isine.

2. Banjur ngarang ukara purwakane/sampirane.

3. Supaya dadi parikan sing apik, deupayakna antara purwaka lan wos duwe cacah wanda (suku kata) sing padha.

 

Tuladha:

 

Parikan 2 gatra, pedhotan 4-4

1.    Maring sawah, nggolet welut

Dadi bocah, kudu manut

2.    Tuku tahu, maring pasar

Dadi guru, kudu sabar

 

Parikan 2 gatra, pedhotan 4-8

1.    Maring kali, nggawa watu karo skuter

Aja lali, nggolet ilmu dimen pinter

2.    Maca buku, nganggo kaca mata baca

Ngudi ilmu, supaya uripe mulya

 

Parikan 4 gatra, pedhotan 4-4

1.    Lunga – lunga neng segara

Banjur mancing iwak pari

Purbalingga sing perwira

Kuthane sing katon asri

Posting Komentar untuk "Kesusastraan "