Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sesanti Kelas 9

 Sesanti




Sesanti utawa lambang yakuwe tetembungan sing ngemu pitutur tumrap wong urip bebrayan

Tuladha : 

1. Adigang, adigung, adiguna.

Tegese : Wong sing ngendelaken kekuwatan, keluhuran lan kepinteran.

2. Ajing sarira saka busana, ajining dhiri saka lathi.

Tegese : Awake dhewek bakal diormati sekang carane nganggo busana lan omongane.

3. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

Tegese : Apa-apa kang ngalang-alangi kekarepan / usahane bakal disirnakna.

4. Becik ketitik ala ketara.

Tegese : Kabeh panggawe ala lan becik bakal kewenangan neng tembemburine.

5. Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah.

Tegese : Rukun ndadekake santosa/kuwat, congkrah ndadekake bubrah.

6. Sapa salah seleh.

Tegese :  sapa sing salah bakale kalah.

7. Sapa jujur bakal luhur.

Tegese : Sapa sing jujur bakal oleh kaluhuran.

8. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti.

Tegese : Angkara murka/kejahatan ilang dening kabecikan/alusing budi.

9. Mikul dhuwur mendhem jero

Tegese : Njunjung drajate wong tuwa.

10. Sapa temen bakal tinemu.

Tegese : Sapa sing temenanan bakale olih kasil. 


Gladhen:

Sesanti ing ngingsor kiye jajal digoleti apa tegese!


1. Ati suci marganing rahayu.

Wangsulan : .......................................................................................................

2. Yitna yuwana lena kena.

Wangsulan : ........................................................................................................

3. Desa mawa cara negara mawa tata.

Wangsulan : .......................................................................................................

4. Gemah ripah loh jinawi, ayem tentrem karta raharja.

Wangsulan : ........................................................................................................

5. Sepi ing pamrih, rame ing gawe.

Wangsulan : .......................................................................................................


Posting Komentar untuk "Sesanti Kelas 9"