Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Materi Bahasa Jawa Kelas 8 BAB 1 Legendha Pertemuan 3

Assalamu'alaikum....Sugeng enjang...
Murid-murid....ing patemon iki muga-muga kita tansah diparingi bagas waras  saengga kita bisa nindakake kuwajiban kita yaiku golek ngelmu bebarengan. sadurunge bu guru paring piwulang saiki tetepungan dhisik. Nama Bu Yetti Dwi Koristiyanti mulang Bahasa Jawa Kelas 8. Materi dina iki bab Legendha. Ayo diwaca materine sabanjure diwangsuli pitakone. Suwun.

Crita legendha mujudaken crita rakyat arupa gancaran sing nyritakaken asal-usul utawa dumadine sawijining papan panggonan. Miturut Jan Harold Brunvand sing desunting dening Dananjaya; jenise legendha kuwe ana papat yakuwelegendha keagaman, legendha alam gaib, legendha pawongan/perseorangan, lan legendha kedadeane papan/panggonan. Titikane legendha manut Yus Rusyana yakuwe:
1. Legendha kuwe crita tradisional asli sekang masyarakat sing ditularaken kanthi cara turun-tumurun.
2. Critane ana gandheng cenenge karo crita jaman gemiyen
3. Paraga neng crita dianggep bener-bener ana lan deanggep nduweni jasa maring masyarakat.
4. Critane tinemu nalar (masuk akal).
5. Latare  crita kaya bener-bener ana/nyata.
6. Paraga lan kedadeane kaya dene ana/nyata dadi kaya dene sejarah.


A. Tugas Daring
1. Wacanen tuladha teks legendha ing ngisor iki kanthi permati!







LEGENDA SOKARAJA DAN KALI PELUS

Sewijine dina, Adipati Sokaraja sing asmane Raden Jebug Kusuma lan garwane lagi padha menggalih putrane sing asmane Raden Mas Kuncung sing lagi nggolet ngelmu neng tlatah Cirebon. Ijig—ijig ana begawan sing asmane Ki Reksanata sekang pertapan Kendhang Bolong (tlatah Purbalingga) sing lagi dioyok-oyok dening Kali Genteng, putrane Kerta Bangsa (Adipati Purbalingga). Kali Genteng arep njaluk pusaka Brongos Setang Kober sing wujude keris. Kali Genteng meksa njaluk pusaka kuwe jalaran diparingi ngerti dening ingkang Rama yen dheweke kepengin marisi dhampar Adipati sekang ramane, mula dheweke kudu nguwasani keris Brongos Setan Kober kasebut kagungane Begawan Reksanata (sing ora liya kakine dhewek).

Jebule keris Brongos Setan Kober wis diparingaken maring Raden Jebug Kusuma merga Raden Jebug Kusuma kuwe putrane sing paling tuwa. Mulane Ki Reksanata ora bakal maringna keris kasebut maring Kali Genteng. Akhire Kali Genteng jengkel lan kepengin merjaya Ki Reksanata. Perang tandhing neng pendhapa Kadipaten Sokaraja ora bisa diindhani maning.

Pas lagi ribut-ribut, Raden Mas Kuncung teka. Dheweke takon maring ingkang Rama ngenani perkara sing lagi diributna neng pendhapa kadipaten Sokaraja. Ingkang rama mangsuli yen Kali Genteng arep merjaya Ki Reksanata jalaran ora gelem maringna pusaka Brongos Setan Kober. Mulane, nggo ngamanaken swasana, Adipati Jebug Kusuma masrahna perkara kuwe maring Raden Mas Kuncung. Sebanjure sing ribut ganti Raden Mas Kuncung karo Kali Genteng. Kali Genteng keseser banjur mlayu nyilem maring sewijine kali. Para prajurit kadipaten Sokaraja mbandhemi kali kasebut karo watu lan apa bae sing ana neng kono. Malahan Raden Mas Kuncung pan wadya balane terus nggoleti Kali Genteng knthi cara nyilem neng kali kasebut.

Wektu lagi neng njero banyu, Ijig-ijig Raden Mas Kuncung nyekel ndhas iwak sing gedhe lan ayid kaya pelus. Merga kedadiyan kuwe. Raden Mas Kuncung njenengi kali kasebut dadi kali Pelus.Raden Mas Kuncung terus ggoleti Kali Genteng nganti tekan sewijine papan panggonan sing amba lan banyune anteng sarta jero.Raden Mas Kuncung lan para prajurit ngira yen Kali Genteng wis mati jalaran wis suwe ora nongol-nongol sekang banyu. Anehe, papan kuwe ambune ora bacin nanging malah mambu wangi kembang kenanga, saengga Raden Mas Kunjung njenengi papan kuwe kedhung Kenanga. Anggone nggoleti Kali Genteng ora mung tekan papan ngkono thok. Raden Mas Kuncung sewadya balane tetep nggoleti Kali Genteng nganti tekan joge kali lan neng kono weruh iwak cilik-cilik sing akeh banget gunggunge lan wujude kaya iwak encit. Mulane papan kuwe sebanjure dijenengi Kalincit (siki dadi pedhukuhan neng desa Pajerukan Kecamatan Kalibagor). Sewise suwe gole nggoleti lan Kali Genteng tetep ora ketemu-ketemu, Raden Mas Kuncung ngrasa yakin yen Kali Genteng wis mati. Raden Mas Kuncung lan para prajurit mutusna bali maring kadipaten Sokaraja lan nglapurna maring Kanjeng Adipati.

Sebenere, Raden Mas Kuncung lan para prajurit ora ngerti lamona Kali Genteng wis mentas sekang kali lan mlayu maring Purbalingga kanggo nylametna awake dhewek merga wis keseser. Setekane neng kadipaten Purbalingga, Kali Genteng didhawuhi neng ingkang rama kon ngresmekna pasar anyar neng tlatah Watu Kumpul (Kabupaten Pemalang, sekang Belik maring ngetan). Neng peresmian pasar kuwe uga ditanggapna wayang kanthi dhalang Ki Macakandha. Ki Macakandha kuwe dhalang Jemblung. Ngerti Kali Genteng lagi nggoleti dhalang Jemblung Ki Macakandha, Raden Mas Kuncung nyamar lan ngaku yen dheweke kuwe Ki Macakandha. Neng pagelaran wayang Jemblung kuwe ki dhalang mentasna lakon babad Purbalingga-Sokaraja.

Pas lagi Ki dhalang nyritakna babad Purbalingga-Sokaraja, Kali Genteng kesinggung karo critane ki dhalang, senalika kuwe uga Kali Genteng nendhang ki dhalang lan dadi gelutan antarane ki dhalang Macakandha sing sebenere Raden Mas Kuncung lan Kali Genteng. Ki dhalang nusuk Kali Genteng karo keris Brongos Setang Kober. Kenang tusukane keris kasebut, Kali Genteng malih rupa dadi ula naga. Akhire Kali Genteng sing wis malih rupa dadi ula naga bali maring Purbalingga sowan ingkang rama. Neng wong tuwane, Kali Genteng didhawuhi kon semedi selawase 40 taun.
Kanthi anane kedadiyan  kasebut, ana mitos yen ana wong Purbalingga adus neng kali Pelus, wong kuwe bakal cilaka. Nanging kiye mung mitos.

(sumber: http://bambangplusar.blogspot.com/2015/06/legenda-sokaraja-dan-kali-pelus.html. Diundhuh 3 April 2018:20.15 wib)


Tegese tembung-tembung sing angel
Menggalih : mikirna (kanggo wong tuwa)
Tlatah : wilayah, daerah
Merjaya         : mateni
Keseser         : kepojok, kedhesek, kalah
Nyilem : nyemplung maring njero banyu
Ayid : lunyu
Wadya bala : pasukan
Lamona         : angger, yen, nek
Didhawuhi : diprentah
Sowan : ngadhep, ketemu
Cilaka : apes


Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye nganggo basa Krama !

1. Sapa sing dadi paraga utama ana neng  crita “Legenda Sokaraja lan Kali Pelus” ?

2. Sapa asmane bagawan sekang Sendhang Bolong sing dioyok-oyok dening Kali Genteng?

3. Sapa sejatine Kali Genteng ?

4. Kenangapa Kali Genteng ngoyok-oyok sang begawan?

5. Kenangapa sang begawan ora bisa maringna keris Brongos Setan Kober maring Kali Genteng?

6. Sapa sejatine Adipati Jebug Kusuma kuwe?

7. Kapan Raden Mas Kuncung njenengi Kali Pelus?

8. Wektu ana peresmian pasar anyar neng tlatah Watu Kumpul, Raden Mas Kuncung nyamar dadi sapa?

9. Basa apa keng dienggo neng wacana ndhuwur ? Wenehana conto ukarane !

10. Pitutur luhur apa sing ana neng crita neng dhuwur kuwe ?

1 komentar untuk "Materi Bahasa Jawa Kelas 8 BAB 1 Legendha Pertemuan 3"