Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Sengkalan

 Sengkalan






Sengkalan yakwe cathetan wektu/ taun kang nggunakaken tetembungan/ ukara.

Tetembungan kang digunakaken nduweni teges wilangan/ angka. Anggone nggawe

ukara dijumbuhaken karo kahanan utawa swasana barang utawa kadedayane. Dene

cara macane sengkalan kaya maca ukara biasa mung anggone maca taun sekang mburi

maring ngarep.

1) Manut wujude ana 2 yakuwe:

a. Suryasengkala yakuwe sengakaln kanggo nengeritaun surya.

b. Candrasengkala yakuwe sengkalan kanggo nengeritaun candra.


2) Manut jinise ana 3 yakuwe:

a. Sengkalan lamba, yakuwe sengkalan sing minggunakna tembung-tembung

sing prasaja.

Tuladha: buta (5) lima (5) naga (8) siji (1), dadi angkane 5581 lan tegese 1855.

b. Sengkalan miring, yakuwe sengkalan sing bisa migunakaken tembungtembung miring sekang wateke sengakalan lamba.

Tuladha: lungiding wasita ambuka bawana (1975). Tembung “lungid”

maknane “landhep”, sing dikarepake landheping “gaman”. Gaman duwe watek

5. Tembung “wasita”maknane “pitutur jati”, pitutur kuwe ana gegayutane karo

resi wiku uatawa pandhita sing duwe watek 7. Tembung “ambuka” sing

dikarepake “lawang” utawa “gapura” sing nduwe watek 9. Tembung “bawana”

sing dikarepake “bumi” sing duwe watek 1.

c. Sengkalan memet, yakuwe sengakalan sing digawe ora nganggo ukara

nanging awujud gambar, reca, candhi, gendhong lsp.

Tuladha: ditya (buta) gajah tinunggang jalma, maknane 1785 ( buta : 5, gajah: 8,

tinunggang: 7, jalma: 1 )


Tembung lan watek wantune:


1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti,

Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi,

Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya.

Raja, Ratu, Narpa. .

2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah,

Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, Swiwi, Peksi,

Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi,Apasang, Sungu,Talingan, Karna. .

3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala,

Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr,

Kawruh, Guna,Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .

4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih,

Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu,

Marta, Karta, Masuh, Segara. .

5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa,

Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusekang, Lungid, Landhep,Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta,

Bayu, Samirana, Angin, Marga. .

6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara,

Tikta, Obah, Oyag, Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang,

Ilat. .

7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga,

Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang,

Weling,Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga,Aswa, Kuda,Jaran, Sabda,

Muni. .

8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira,

Murti, Bujangga, Pujangga, Manggala, Taksekang, Ula, Naga, Sarpa, Sawer,

Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu,

Madya. .

9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara,

Lawang, Kori, Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang,

Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .

10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca,

Mlethik, Langit,Akasa, Wyat,Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur,

Adoh, Swarga, Tanpa,Tan, Swuh, Suda,Windu.


GLADHEN!

Sengkalan ngisor kiye nudhuhna taun pira?

1. Sirna ilang kertaning bumi.

2. Naga muluk titihan jalma.

3. Katon murub kartaning negara.

4. Dwi naga rasa tunggal.

5.  Dresthi sirna nir sikara.

Posting Komentar untuk "Sengkalan"