Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Wayang Ramayana Bahasa Jawa Kelas 8

 Wayang Ramayana


            Ramayana klebu karya sastra epos utawa wiracarita, yakuwe wacana karya

sastra kang nyritakna riwayat perjuangan sawijining paragane. Buku utawa Kitab

Ramayana kiye asale sekang India anggitane Empu Walmiki.

Tembung Ramayana dejukut sekang basa Sansekerta Rama lan Ayana.

Tembung Rama nudhuhna jeneng paragane dene Ayana tegese perjalanan utawa

lelakon. Dadi tembung Ramayana bisa detegesi lelakon utawa perjalanan Rama.

Paraga neng Kita Ramayana ana kang deanggep pahlawan amarga nduweni

jiwa ksatriya, kendel lan wani ngorbanake apa bae kanggo mbelani bebener. Paraga

utama kang dadi pahlawan yakuwe Rama. Paraga liyane kang uga duweni jiwa

ksatriya kaya pahlawan yakuwe Laksmana, Anoman, Gunawan Wibisana,

Kumbakarna, Sugriwa,Jatayu,Wilmana, Sempati lan liya-liyane.

Neng ngisor kiye bakal deandharna paraga Jatayu lan Wilmana kang uga salah

siji pahlawan neng KitabRamayana.


PEKSI JATAYU



Resi Jatayu salah sijine paraga sing ana neng cerita Ramayana. Resi

Jatayu kuwe awujud manuk garudha kang nduweni watek wicaksana lan bisa

tata jalma kaya manungsa. Dheweke tansah eling marang Sang Hyang Agung,

mulane banjur nduweni jejuluk Resi. Resi Jatayu putra ketiga Resi Briswawa

karo Dewi Brahmanistri putri Bathara Brahma. Dadi kena diarani yen Resi

Jatayu kuwe wayaheBathara / DewaBrahma.

Resi Jatayu duwe sedulur telu yakuwe Garudha

Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi

Jatayu nalika isih enom, kekancan raket banget karo

Raja Ayodya sing asmane Prabu Dasarata. Amarga

eyang Prabu Dasarata asma Bathara Kandikota

kekancan akrab karo Resi Briswawa. Prabu Dasarata

kuwe bapake Prabu Rama.

Ana sawijining kedadeyan neng alas

Dhandhaka nalika Dewi Sinta ditinggal dhewekan

sewise Raden Rama, garwane lan adhine Laksmana

nggoleti Kidang Kencana. Prabu Rahwana raja negara

Alengka teka banjur mbudidaya nyulik Dewi Sinta.

Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana,

Resi Jatayu weruh Dewi Sinta diculik krasa melas.

Atine Resi Jatayu tambah ora tega bareng krungu tangisi Dewi Sinta.

Resi Jatayu banjur aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber nladhung tangane

Rahwana. Dewi Sinta sing lagi dicengkerem budi sekuate, kemudu-kudu ucul

sekang panyekelRahwana.

Ananging tangane Rahwana nyengkerem kenceng banget tangan Sinta.

Dewi Sinta dadi ora bisa ucul. Kabeh mas, inten lan barlean anggon-anggone

nganti padha rogol gigal maring lemah. Senajan wis tua Resi Jatayu tetep

mbudidaya nulungi Dewi Sinta. Kanthi ngetogna sisa tenagane dheweke

nyerang Rahwana. Dewi Sinta kasil direbut Jatayu banjur digawa mabur.

Prabu Rahwana kanthi cepet nututi Jatayu. Wektu kecandhak, Jatayu banjur

diajar entong-entongan dening Prabu Rahwana. Kanthi gagah Jatayu tetep

nglawan Prabu Rahwana. Nanging Prabu Rahwana sing duweni Ajian

Rawarontek lan Pancasona ora bisa dekalahna. Wekasane badhan Jatayu tatu

Buku Basaku Penginyongan Kelas 8 Semester Genap 20/21 7

arang kranjang, swiwine Resi Jatayu sengkleh kenang sabetan pedhang

Mantana duweke Prabu Rahwana. Dewi Sinta gageyan derebut maning nang

Prabu Rahwana, banjur mesat mabur maring Alengka. Seteruse. mung

keprungu gumebrug swara Resi Jatayu ambruk tiba maring lemah. Getih

abang mblabar mili sekang anggane Jatayu nelesi bumi.

Wektu kue, Rama lan Lesmana uga lagi bingung nggoleti Dewi Sinta

ilang sekang pesanggrahan. Rama lan Lesmana gole nggoleti Dewi Sinta

kanthi ngubengi alas Dhandhaka. Nalika lagi mubeng nggoleti Dewi Sinta,

lelorone ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Panggonan Sri Rama

nemokake Jatayu nalika lagi sekarat diarani “Jatayumangalam” saiki diarani

“Chadayamangalam”. Rama gageyan nulungi Resi Jatayu. Nanging kahanane

Resi Jatayu banger ngewatiri lan wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu kanthi

swara pedhot-pedhot wadul marang Rama. Dheweke ngomong menawa

garwane yakuwe Dewi Sinta deculik nang Raja Alengka Prabu Rahwana /

Dasamuka. Ora let suwe ResiJatayu banjur nemahi pralaya. ResiJatayu gugur

minangka pahlawan kang mbelani bebener.

Sawise Resi Jatayu gugur, Raden Rama ngendikaa:”Hai Jatayu sing

Mahamulya, panjenengan bener-bener kuat mertahanake jiwa. Amarga tresna

asihmu kekancan kanthi raket karo bapaku, katerusake maring aku puterane.

Mulia banget watakmu Resi Jatayu. Nalika panjenengan gesang mau, aku

ngrasakake bapaku isih gesang. Saiki nalika kowe seda, dadi nambahing

sedhih ing atiku. Sawise sabda kaya mangkana, Sang Rama nglakokake

upacara ngobong jenazah. Jasade Resi Jatayu olih tetesan tirta dening

sawijjining wong kang 'duwe jiwa suci”, amarga minangka titisaning Wisnu.

( Kapethik sekang maneka sumber )


1. Negesi Tembung

Goletana tegese tembung-tembung neng ngisor kiye, banjur gawenen ukara!



2. Mangsuli Pitakon Wacan

Wangsulana pitakon-pitakon kiye kanthi patitis!

1. Sapa sejatine Resi Jatayu kuwe ?

Wangsulan : ..........................................................................................

2. Kenangapa Peksi Jatayu duwe jejuluk resi?

Wangsulan : ..........................................................................................

3. Sapa rama lan ibunda Resi Jatayu kuwe?

Wangsulan : ..........................................................................................

4. Ana pira kadange Resi Jatayu? Coba sebutna arane?

Wangsulan : ..........................................................................................

5. Nalika Resi Jatayu nalika isih enom, kekancan raket karo sapa?

Wangsulan : ..........................................................................................

6. Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Rahwana nalika ana ngendi?

Wangsulan : ..........................................................................................

7. Apa kang detindakake Resi Jatayu nalika weruh Dewi Sinta kadhusta dening

Prabu Rahwana?

Wangsulan : ..........................................................................................

8. Kepriwe kahanane Resi Jatayu sabubare nglawan Prabu Rahwana?

Wangsulan : ........................................................................................

9. Ajian apa kang deduweni neng Prabu Rahwana?

Wangsulan : ..........................................................................................

10. Sewise Resi Jatayu seda, apa kang katindadake dening Raden Rama?

Wangsulan : ...........................................................................................

Posting Komentar untuk "Wayang Ramayana Bahasa Jawa Kelas 8"