Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pawarta

 

Pawarta




A. Pangerten Pawarta

Pawarta yakuwe kabar utawa informasi samubarang sing lagi utawa nembe dumadi lan debiwarakake lumantar media cetak, audio, internet, utawa lisan marang wong akeh.


B. Perangan Pawarta

Perangan pawarta ing antarane yaiku:

a. Headline (judul/irah-irahan)

Headline yakuwe irah-irahan kang gunane kanggo :

1. Nggampangake pamaca ngerteni pawarta kang bakal dewaca.

2. Nudhuhake pawarta kang deanggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.

b. Date line (larik/tanggal)

Tujuwan date line yakuwe kanggo nudhuhake papan kedadean lan jeneng media massa. Mula perangan kiye nyebut jenenge media massa, papan lan tanggal kedadean.

c. Lead (teras pawarta)

Lead biasane katulis neng wiwitan pawarta neng paragraf kapisan. Bab kiye tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokna saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta .

d. Body (tubuh/surasane pawarta)

Surasane nyritakake prastawa kang dewartakake kanthi basa kang cekak, aos lan cetha. Kanthi mangkana body minangka pangembange pawarta.


C. Unsur-unsur pawarta

Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yakuwe 5W + 1H

a. What (apa) : apa sing dewartakaken

b. Who (sapa) : sapa sumber/punjer pawartane

c. When (kapan) : kapan pratawane dumadi

d. Where (nengdi) : nengdi prastawa utawa kedadeane

e. Why (kenangapa) : kenangapa berita berita kuwe diwartakaken

f. How ( kepriwe) : kepriwe kahanan sing diwartakake


D. Titikane Pawarta sing apik, yakuwe:

1. Aktual tegese isine pawarta sing deandharna isih anyar. 

2. Faktual tegese anggone ngandharake pawarta kuwe dudu asiling ngarang, ningen adhedhasar fakta utawa kedadean.

3. Obyektif tegese ora mihak siji lan sijine pawongan utawa lembaga tartamtu.

4. Unik lan narik kawigaten tegese pawarta kuwe nyleneh lan gawe wong tertarik kanggo maca pawarta mau.


E. Maca Pawarta

Maca  sawijine kegiatan sing detindakna pamaos kanggo nemokna kabar /wawasan sekang panulise sing deandharaken lumantar ukara-ukarne. Ancas lan tujuane maca nemokna kabar/gagasan sing nyakup isi lan maknane wacan.

Miturut Aminudin (2002:17), jinise maca ana 7 yakuwe : maca kritis, maca cepet, maca teknik, maca batin, maca basa, maca seni, maca kreatif.Maca kritis detindakna kanthi wicaksana, kebak pengerten, mahanani kanthi tumemen, tliti, nanging ora nggolet kesalahan wacan. Maca cepet detindakna kanthi cepet, wektune winates kanggo mengerteni isine wacan. Maca teknik detindakna kanthi swara seru nut kedale lathi, intonsi, irama sing slaras karo gagaasan wacan. Maca basa detindakna kanthi tujuan ngundhakna kuwasisan nguwasani tembung, ukara, purwakanthi, lan liya-liyane. Maca seni kanthi endah, greget, lumrahe kanggo maca teks sastra. Maca kreatif detindakna kanthi tujuan-tujuan tartamtu. Maca kreatif  lumrahe kudu mangerteni gagasan-gagasan bakune wacan.

Sajrone macakake pawarta mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake bisa rumangsa seneng lan pawartane gampang dengerteni. 

Kaprigelan kasebut kaya andharan iki:

1. Nggunakake pangucap kang trep.

2. Pamedhote frasa kang trep.

3. Nggunakake intonasi, nada lan tekanan kang trep.

4. Ngreteni tandha wacan kanthi trep.

5. Swara kang cetha.

6. Ekspresi kang trep.

7. Ngatur alon lan cepete pamaca.

8. Ngolah treping mlebu wetuning napas.

9. Mahami wacan.

10. Percaya marang dhiri pribadi.


Posting Komentar untuk "Pawarta "