Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pawarta 3 Kelas 8

 Pawarta 3 




Neng sadhengah panggonan sering ana pawarta sing dibiwarakake kanthi lisan. Pawarta kasebut biasane lumantar masjid, mushola, lan kadhang kala ana uga mobil kang ngubengi desa kanggo mbiwarakake sawijining pawarta. Tuladha pawarta sekang masjid utawane mushola kuwe pawarta lelayu/kepaten, gugur gunung ( kerja bhakti) ngresiki lingkungan RT/RW, pengajian, ngresiki pesarean, ngresiki dalan, lan liya-liyane. Tuladha pawarta kang dibiwarakake nganggo mobil tuladha pengajian akbar, pilihan kepala daerah, pertandingan bal-balan, lan liya-liyane. 

Neng ngisor kiye tuladhane pawarta lelayu/kepaten, mangga desimak kanthi patitis banjur degarap pitakon wacane!


PAWARTA LELAYU

Assalamu alaikum warohmatullahi wabarakatuh


Inna lillahi wa innailaihi rojingun

Ngaturi priksa dhumateng sedaya warga anggota Paguyuban Ngrukti Jenazah (PNJ) Mardilayon Desa Sukamaju, bilih sampun kapundhut sowan ing ngarsanipun Allah SWT, Bapak Budiyuwono Bin Kartawirya yuswa 73 taun, warga RT 01 RW 10 nalika dinten Jemuah, tanggal 03 April 2020 jam 05.00 WIB wonten ing dalemipun, amargi gerah.

Manut rancangan, Insya Allah jenazah dipunsarekaken dinten  niki, Jemuah jam 10.00 enjing wonten ing Pasarean Pralaya Loka Desa Sukamaju.

Dhumateng Bapak/Ibu sedherek sedaya kasuwun paring pakurmatan ingkang pungkasan dhumateng almarhum wonten griya dhukita RT 01 RW 10 Desa Sukamaju.

Makaten pawarta lelayu menika, mugi ndadosaken kawungingan. Matur nuwun


Wassalamu alaikum warohmatullaahi wabarakatuh.



A. Sekang pawarta lelayu kasebut, wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye nganggo basa krama!

1. Pawartos ingkang dewaos ngengingi bab napa?

Wangsulan :...............................................................................................................

2. Sinten ingkang seda?

Wangsulan :............................................................................................................... 

3. Kapan anggene seda?

Wangsulan :.............................................................................................................. 

4. Wonten pundi sedanipun?

Wangsulan :.............................................................................................................. 

5. Menapa ingkang dados jalaran seda?

Wangsulan :............................................................................................................... 

6. Kapan rencana badhe dipunsarekaken?

Wangsulan :.............................................................................................................. 

7. Wonten pundi panggenan kangge nyarekaken?

Wangsulan : ............................................................................................................

8. Kabar pawarta lelayu punika katujokake dhumateng sinten?

Wangsulan : ............................................................................................................

9. Basa kang digunakake ngangge ragam basa menapa?

Wangsulan :............................................................................................................

10. Menawi mireng pawarta lelayu wonten ing lingkungan para siswa, menapa ingkang badhe ditindakaken para siswa?

Wangsulan :...............................................................................................................



Nulis Pawarta/Berita

Kapitayan nulis pancen dewawas paling angel tinimbang ketrampilan basa liyane yakuwe ngrungokna, micara, lan maca. Sadurunge nulis berita, para siswa kudu mangerteni lewih dhisit prastawa utawa bab sing bakal detulis, nggolet sumber data sing cukup lan bener (otentik), gambar-gambar prastawa kanggo nyengkuyung isine berita, nakokna urut-urutane prastawa maring saksi kunci (narasumber), lan data liyane sing diprelokaken. Cekake, para siswa gladhen dadi wartawan. Wartawan yakuwe wong sing pegaweyane utama nggolet, nulis lan nglaporna prastawa awujud berita neng media.
Carane nulis berita ora beda karo nulis gancaran utawa karangan, nanging yen nulis berita detulis adhedhasar kasunyatan utawa prastawa semesthine, ora kena dekarang utawa degawe-gawe. Nulis berita debutuhna tanggung jawab penulis maring kasunyatan lan bener lupute katrangan sing deandharna. Mula anggone nulis kebek kawigaten lan pengati-ati, aja nganti nuwuhaken panyaruwe sing gawe wirang malah kepara tumeka pengadilan.
Bab sing perlu degatekna nalika nulis berita sejene sing deandharna ing dhuwur, penulis perlu:
1. Nemtokake tema utawa gagasan baku sekang prastawa sing arep deberitakna.Umpamane sekang prastawa penyebaran Covid 19 utawa virus Corona, penulis amung ngandharna sapreangan ngenani apa kuwe Covid 19, kepriwe gejala-gejalane wong nek kena virus corona, carane nambani wong sing kenang virus corona, carane nyegah supaya  ora kenang penyakit sekang virus corona. Bab kiye kanthi tetimbangan masyarakat sekiye seneng maca berita sing cekak aos, cepet rampung, lan ngerti isine berita. Berita sing detulis pepek ning ora dewatesi tema/gagasan bakune prastawa malah ndadekna pamaos bosen maca, wegah maca, lan nganggep nek berita kuwe ora perlu dewaca.
2. Ngrakit ukara sing ringkes, padhet lan gamblang. Bab kiye ndadekaken sing maca sengsem lan kepenging ngerteni berita-berita liyane sing gegayutan karo pratawa kasebut. Ukara sing ngambra-ambra ora desenengi pamaos, yen nganti detinggal pamaos kapitunan gedhe banget tumrap wartawan lan media cetak sing macak berita kasebut.
3. Nyingkiri ukara-ukara sing gawe pitnah utawa kapitunan pihak sing deberitakna. Sejene ngucemna jenenge sumber berita uga nerak undang-undang. Mula nulis kuwe kudu kebak pengati-ati.
4. Masang gambar panyengkuyung sekang asile motret dhewek, ora kena nyolong gambar sekang internet utawa gambar wong liya, kejaba wus olih idi palilah sing uwe gambar. Gambar sing depasang ora kena gawe miris, kuceme jeneng sumber berita, lan gambar lekoh (susila).



Posting Komentar untuk "Pawarta 3 Kelas 8"